Kamis, 08 Juni 2017


Kanggo kanca-kanca sing ora reti ondhe-ondhe iku apa, ning blog iki dewe meh ngenei reti opo iku sing diarane "ondhe-ondhe" lan koyo ngopo bentuke. Yok simak bareng-bareng :)








Ondhe-ondhe

               Wujude ondhe-ondhe bunder, wernane kuning kecoklatan, diwuwuri wijen. Bahan kanggo nggawe kulit ondhe-ondhe yaiku tepung beras ketan (500 gr), gula pasir (350 gr), tepung beras (75 gr), banyu anget (150 ml), uyah (1/2 sendok), vanili bubuk (1 sendok), biji wijen (200 gr), minyak goreng secukupe.
                Bahan nggawe isian ondhe-ondhe yaiku kacang ijo (250 gr), gula pasir (100 gr), uyah (1/2 sendok), vanili bubuk (1/4 sendok teh). Coro nggawe isian ondhe-ondhe yaiku kacang ijo sing wes dioceki dikum 4-5 jam, sakwise iku kumbah kanthi resik, kacang ijo dikukus nganti empuk, bar iku tumbuk alus mumpung iseh panas karo ditambahi gula, vanili, lan uyah, diuleni nganti rata. Adonan digawe dadi bunder cilik-cilik dipaske karo ukuran ondhe-ondhe sing pan digawe.
                Nggawe ulenan kulit ondhe-ondhe : campur tepung terigu beras ketan, tepung beras, vanili, lan uyah. terus diaduk rata lan diuleni karo ditambahi banyu sitik-sitik nganti ulenan kalis lan bisa digawe.
                Coro gawe ondhe-ondhe : pipihke ulenan ondhe-ondhe nganggo ngisi isian kacang ijo mau, tutup ulenan ondhe-ondhe ben bentuke kanthi kaya bal. Gawe kanthi ulenane entek. Sakwise dadi kabeh celupke ondhe-ondhe marang banyu atis. Bar iku wuwuri wijen kanthi rata, sakwise rampung siapke wajan lan panaske minyak goreng. Nyalakne geni sedeng supaya ondhe-ondhe ora cepet geseng sakdurunge mateng. Goreng ondhe-ondhe nganti kuning kecoklatan. Angkat lan tiriske, Ondhe-ondhe wes siap disajike.


Ayo kanca-kanca padha nyicipi ondhe-ondhe dijamin enak lan gawe ketagihan :)


Cukup sakmene, semoga ono manfaate. Suwun :)

Kanggo kanca-kanca sing ora reti ondhe-ondhe iku apa, ning blog iki dewe meh ngenei reti opo iku sing diarane "ondhe-ondhe" lan ...